Sejarah Desa
Administrator 30 April 2014 17:20:39 WIB
NAPAK TILAS PORO LELUHUR
Nalikanipun ngadepi perkawis bade surutipun projo majapahid, kathah carios lan lelampahan spiritual engkang dumados ing madyaning ngadepi kawontenan meniko.
Lelampahan meniko mangke bade nyariosaken satunggaling maha raja ingkang ngasto bawat pusaraning adil ing projo majapahid kanthi sesideman anggenipun mranoto reh prentahing projo majapahid soho ngupadi tegesing gesang ing bumi pulau jowo meniko.
Nggih jejuluk prabu Brawijaya ingkang dados tokoh utami dumadosing owah owahan gesanging budoyo lan sosial, kagem papan papan ingkang dipun langkungi soho dipun lenggahi naliko lumiyat tumuju ing gunung mahendra engkang sakmeniko katelah gunung lawu ingkang tegesipun la : luhur, Wu ; awu/abu utawi dipun sebut papan awuning leluhur.
Prabu Brawijaya nalikanipun lumaksito meniko saget dados tondo pinongko murwakani panggesanganig poro kawulo sacoro maligi ing kukuban Desa Planjan, awit ing mriku kathah tetenger ingkang dipun pitadosi poro wargo tilaranipun prabu Brawijaya soho poro penderekipun.Naliko kirang langkung tahun 1478 masehi projo Majapahid nemahi kawontenan ingkang ndadosaken surut kawibawaning projo saget winastan dados lantaran bade sumyuring projo majapahid ingkang kawiwitan lumebeting pengaruh saking projo Demak bintoro lan poro wali ingkang sami wiwit sumebar kanti ngginakaken mapinten pinten coro.
Projo Demak bintoro ingkang dipun asto dening Raden patah sampun bade wantun angreridu projo majapahid ingkang naliko semanten dipun asto dening prabu Brawijaya v.Sinten to sejatosipun Raden patah meniko ? Raden patah meniko sejatosipun putro saking prabu browijoyo V ingkang mijil saking garwo selir ( CINA ) ingkang naliko semanten brabu Brawijaya pirso bilih garwo seliripun gerbini, karono prabu Brawijaya kuwatos amargi putri cina meniko nggadahi pewatakan ingkang kepingin bade ngicali budoyo leluhur, milo kapasrahaken dateng Aryo damar ( Adipati ing palembang ) lan supados pun bekto dateng ing tlatah Palembang sumatra, kanthi pesen mboten kepareng sami sesambetan rogo sakderengipun ponang jabang bayi lahir.
Naliko sang prabu Brawijaya v ngraosaken bilih kadosipun projo majapahid meniko sampun bade surut kawibawanipun milo sang prabu nyuwun pitedah dateng poro leluhur srono Spiritual nenepi utawi mertopo nyuwun pitedah menopo ingkang kedah pun tindaaken.
Semanten sang prabu Brawijaya nampi pitedah supados nilaraken projo majapahid supados mboten ngantos dados bondoyudo ing antawisipun putro lan tiang sepuhipun. lan ugi supados nylametaken lestantunig budoyo lan leluhur ingkang dipun tindaaken dening sang prabu Brawijaya v soho poro penderek,Saenggo naliko semanten prabu Brawijaya nilaraken projo majapahid( TROWULAN) ingkang kadereaken poro abdi pinilih lan setyo ugi prajurit ingkang sakti monrdroguno tumuju mangilen.
Prabu Brawijaya v soho panderek tumuju wonten ing alas ketonggo jawa timur lajeng mangilen tumuju ing rowo pening milo ing mriko wonten tetenger ( GUMUK BROWIJOYO ) kalajengaken dumbugi Gunung tidar pethiting pulau jawi iring kilen lajeng mangidul dumbugi ing ngayojokarto.
Ing jogjakarta prabu Brawijaya lerem ing wonocatur kalajengaken ing tlatah gunungkidul nggih meniko lerem wonten ing Pertapan Semar putih ( nglanggeran kampungpitu ) kalajengaken dumbugi sambipitu lan lerem ing tlatah Gading, sak lebeting batos sang prabu emut piwelingeng poro leluhur bilih tiang ageng kesah kedah saget nilaraken tilas ingkang wonten pigunanipun,( gajah mati meninggalkan gadingnya ) saenggo ing papan mriku kawestanan tlatah gading, lan ing mriku dados cikal bakal dumadosing deso gading.Saking gading sang prabu Brawijaya keseso awit midanget wartos yen prajurit demak bintoro sansoyo caket milo peplayon tumuju wontening satunggaling papan , milo ing mriku kawastanan tlatah playen, ugi ing mriku dados wiwitan wontenipun desa playen.
Wonten ing satunggiling pasabinan prabu browijoyo ngersaaken lerem sak wetawis awit ngraosaken bilih prajurit Demak bintoro taksih tebih, saenggo lerem ing setunggaling pasabinan ing mriku sinebat alas tegal gapuro ( Cangkring Paliyan ).
Sang prabu ngersaaken ndamel punjering peprentahan majapahid sakwetawis wonten ing pasabinan tegal gapuro saenggo ing mriku kabangun gapuro pinongko pratondo punjering pamrintahan majapahid sak wetawis. Krono wonten ing pasabinan tegal puro sakwetawis dangu milo ing mriku winastan deso tahunan.
NITI TETENGER PETILASAN DALEM PORO LELUHUR
ING BUMI PLANJAN
Sak lebeting prabu Brawijaya v mranoto reh prentahing projo majapahid saking tegal puro sak wijiling wekdal ngawontenaken satunggaling parepatan agung ingkang dipun rawuhi dining sedoyo poro garwo, lan ugi putro dalem raden Bondan surati ugi poro abdi pinilih ingkang setyo, prabu Brawijaya nampi wisiking poro leluhur supados nerasaken lampah ngantos dumbugi ing gunung mahendra ( Gunung lawu )Saenggo naliko sematen sang prabu ngersaaken bade nenepi nyuwun pitedah dateng poro leluhur wonten ing GUA KUBON ( Wates panggang ) Pramilo utusan dateng Eyang Wora wari soho penderek ingkang supados madosi soho cecawis ing gua kubon kasebat,Sak sampunipun Eyang Wora wari manggihaken Guo kubon soho sampun dipun cawisaken, lajeng caos palapuran dateng sang prabu Brawijaya v lajeng prabu Brawijaya v paring dawuh dateng Eyang Drepo kusumo soho poro penderek supados dados bebeteng anggenipun sang prabu tumuju ing guo kubon kasebat, milo Eyang Drepo kusumo mapan wontening Pucung kanthi teges pucuking pepetungan laku murih mboten nemahi rubido. Saenggo papan meniko dados deso pucung.
Sak sampunipun kawontenan jenjem Eyang Drepo kusumo caos palaporan saenggo sang prabu Brawijaya tedak dateng ing guo Kubon, nindaaken nenepi/ semedi nyuwun pitedah dateng poro leluhur. Ing sak lebeting sang prabu nindaken semedi wonten pawartos bilih puto mahkotanipun ingkang ing sak mangke kagadang gadang supados nglajengaken spiritual murih lestantuning budoyo soho leluhur njih raden Bondan surati Sampun sedho, saenggo prabu Brawijaya soho poro penderek sami ngraosaken singkel ing penggalih, milo ing mriku dipun westani deso singkil wo ndene ing papan semedi nipun sang prabu winastan deso wates ingkang tegesipun watesing pepesten raden Bondan surati.
Sami wangsul dateng tegal puro ngantos sami megab megab angenipun sami mlajar saenggo ing mriku winastan pasabinan ngegab.
Ringkesing carios Raden Bondan surati dipun rukkti wonten ing tlatah karang asem nggih meniko ing “ Pasarean Tanggul angin “ ( ingkang tegesipun Tanggul Galengan/bates Angin= lumebuning budoyo luhur ).
Sak sampunipun upocoro pangrukti loyo rampit milo sang prabu Brawijaya v netepaken dateng Eyang Wora wari supados njagi ing kukuban guwo kubon soho Eyang Drepo kusumo njagi ing tlatah pucung sak kiwo tengenipun.
Wonten sakwijining wekdal putro dalem prabu Brawijaya v saking garwo selir ingkang asmo pun raden Bondan kejawan matur dateng kanjeng romo ,menggah wos aturipun raden Bondan kejawan nyuwun dateng sang prabu bilih ing sak mangkih menopo ingkang sampun dados gegadanganipun sang prabu dateng Bondan surati awit sampun sedo bade kasuwun dening raden Bondan kejawan.Kanjeng prabu Brawijaya dereng kerso paring wangsulan awit sang prabu sampun pirso yen raden Bondan kejawan kapikut raden patah, malahan kanjeng prabu ngersaaken perkawis meniko karembag wonten ing tlatah gebang koro ( Panggang ) lan supados kadereaken abdi ingkang setyo nggih meniko sabdo palon lan noyo genggong ( Abdi cinaket meniko sejatosipun sanes blegering abdi nanging roh kaleresaning aurip )
Wontening parepatan ing gebang koro meniko sang prabu ngeparengaken bilih Bondan kejawen saget nerasaken spiritual kabudayan leluhur. Abdi dalem ingkang setyo kaliyan kanjeng prabu Brawijaya mireng perkawis meniko dados raos kuwatir awit sampun mangertos bilih raden Bondan Kejawan meniko sampun kapikut dateng raden patah, saenggo sabdo palon noyo genggong wantun matur yen to meniko kanjeng prabu sampun ngersaaken mekaten nanging 500 tahun ing sak mangkih kedah kawangsulaken.Sak sampunipun dumadosing perkawis meniko penggalih dalem sang prabu Brawijaya sansoyo gerah saenggo piambakipun bade nglajengaken lampah mangidul, milo paring dawuh dateng Eyang Iro kusumo supados njagi margi ingkang ing sak mangkih bade kalangkungan sang prabu Brawijaya.Lan kersanipun sang prabu Brawijaya v Eyang Iro kusumo supados sesambetan kaliyan Eyang Drepo kusumo ingkang mapan wonten ing pucung. Sak sampunipun Eyang Iro kusumo nindaaken dawuh dalem lan sampun kawntenan sae milo Eyang Iro kusumo caos palaporan dateng Eyang Drepo kusumo. Lajeng Eang Drepo kusumo nyamektaaken poro prajurit ingkang ing sak mangkih pinongko bebetenging sang prabu anggenipun bade nglajengaken lampah.
Sak sampunipun sedoyo siogo ing gati lajeng sang prabu Brawijaya ngawontenaken parepatan agung ingkang ing mriku marembag perkawis anggenipun sang prabu Brawijaya v bade nglajengaken lampah. Milo poro penderek soho prajurit dipun palih dados kalih ingkang sepalih supados njagi ing punjering reh prentahing projo majapahid sakwetawis ing tegal puro lan ingkang sepalih supados ndereaken sang prabu , krono pendererekipun dipun palih milo ing mriku kasebut wilayah paliyan.
Prabu Brawijaya nglajengaken lampah mangidul nrabas wilayah kepek saptosari ingkang ing mriko ugi kathah tetenger mangkih bade kacariosaken saking tim penyusun sejarah desa Kepek lan dumbugi ing samadyaning wono sang prabu sampun ngraosaken nglenggono bilih sampun bade ngracut keprabon saenggo pangagemipun makutho karacut milo papan meniko dipun westani tlatah mendak ingkang tegesipun sang prabu lukar makutho utawi mandapaken pangagem makutho pinongko rojo.
Semanten raden Patah san soyo caket saenggo sang prabu Brawijaya nglajengaken lampah mangidul. Ringkesipun carios raden patah ugi sampun dumbugi ing wewengkon gebang ing mriku raden patah pirso wonten satunggaling papan ingkang bade nggelar ringgit wacucal, raden patah ndangu dateng salah setunggaling kawulo ,” Meniko nopo bade cucalan ?.”...........Pawongan kasebat caos wangsulan “ enggih nanging kadosipun dalangipun mboten dugi milo mboten sios “ Lajeng raden patah ngendiko “ La umpami kulo mawon ingkang ndalang pripun ?”Pawongan kasebat Caos wangsulan “ Wo njih yen penjenengan saget malah kleresan “Ringkesipun Raden Patah dados dalang , Prabu Brawijaya mireng yen to wonten cucalan piambakipun kanti pengagem sesamaran mriksani pagelaran meniko saksampunipun bibar goro goro Prabu Brawijaya v kraos bilih kadosipun ingkang dados dalang meniko putranipun nggih Raden Patah.
Prabu Brawijaya paring sasmito dateng poro garwo lan poro penderek supados inggal nilaraken pagelaran wayang meniko nglajengaken lampah.
Raden patah ugi nggadahi raos batos bilih kadosipun ingkang mirsani ringgit cucal meniko keng romo , saenggo anggenipun nggelar mboten ngantos rampung lajeng mlajar nututi kanjeng prabu, dumbugi ing sak tengahing pasabinan raden patah celuk celuk prabu Brawijaya kanti tetembungan ingkang soro milo ing mriku kasebat alas mojo jerit ingkang tegesipun njerit nyeluki piyantun ingkang dipun padosi.
Sang prabu Brawijaya v sampun dumbugi ing kisiking samudro ing mriku nindaaken upocoro spiritual nenerpi nyuwun pitedah dateng sang ratu kidul soho poro leluhur menggah menopo inkang kedah katindaaken, ing mriku sang prabu Brawijaya pikatuk ilham supados enggal tumuju ing gunung mahendra gunung lawu, nanging kedah saget manggihaken guo ingkang tembus sunaring sang bagas woro, inkang sinebat guo mangleng.
Pikantuk wangsit meniko sang prabu paring dawuh dateng Eyang Mbareb ingkang supados ngrumiyini lampah mangetan madosi guo mangleng kados ingkang kagambaraken ing wangsit kolowau , Eyang mbareb nritis tepining samudro ngantos dumbugi ing tlatah songerang
Sang prabu Browijoyo sak sampunipun Eyang Mbareb nindaaken dawuhipun, tumunten ugi dawuh dateng poro pangampingipun supados sami ngempalaken siso sisaning ubo rampe upocoro lajeng kasuwun dipun lagar. Sak lebeting poro pangamping sami ngrampitaken perkawis ingkang dipun kersakaken sang prabu Brawijaya tumunten kalagar lajeng sang prabu nglajengaken lampah mangetan .Raden Patah dumbugi ing kisiking samodro mreksani danowo ingkang makilat kilat lajeng nganggep yen sang prabu Brawijaya sedo obong milo ing mriku winastan segoro ngobaran.Sedoyo poro penderekipun sang prabu Brawijaya v ingkang kaparingan dawuh supados sami makuwon wontening papan papan ingkang pinongko tetenger kolo wau ugi sampun kaparingan sandi pinongko pratondo papan ingkang dipun tengeri meniko cumbuh kados sandinipun piyambak piyambak. Yen Eyang Wora wari kepanjingan sandi nyumbuaken swasono lan raos kebatinan milo anggenipun caos tetenger kanthi sanepan swasono roso batin, kados Singkil, pengos, pule bener, lan sak panunggalanipun. Dene Eyang Drepokusumo kepanjingan sandi utawi sanepan swasono lan who- wohan kados dene, Pucung,Legundi, Pakel,Jambu lan sak panunggalanipun. Lajeng Eyang Iro kusumo kapanjingan sandi wit witan ageng, kados dene bulu, pule lan sak panunggalanipun , Dene Eyang Mbarep kapanjingan sandi alam, kados dene Karang, Songerang, Sumber, Risonggo.
Naliko semanten Prabu Brawijaya nglajengaken lampah mangetan nritis kisiking samodro ngantos lerem ing sak tengahing papan kanthi ing mriku panjennengan ndalem soho poro penderek sami ngarang bade medal pundi anggenipun ngupadi margi tumuju ing gunung mahendra milo ing mriku pun paringi tetenger tlatah karang, ingkang tegesipun papan kagem ngrancang lampah murih kawilujenganipun sang prabu soho lestantuning budoyo lan leluhur.Dumbugi mangilen sekedik wonten song engkang ing mriku kadunungan piyantun pawestri. la ing papan meniko sang prabu brawijaya soho poro penderekipun sami kekempalan marembak soho ngerah erah margi anggenipun sang prabu Brawijaya Bade tumuju ing gunung mahendra, mila papan meniko kasebat tlatah SONGERAH ingkang sak meniko pun sebat SONGERANG.La perkawis meniko ugi wonten carios rakyat ingkang taksih dipun pitadosi bilih naliko semanten ing sak lebeting song meniko Wonten Pawestri ingkang sesilih Dewi nawang wulan nembe nenun , piyantun pawestri kasebat kecalan tropong alat kagem nenum meniko, ing mriku dewi nawang wulan gadah prajanji sok sinteno ingkang saget manggihaken lan mangsulaken tropong meniko yen putri bade kaanggep sederek sinoro wedi wo ndene yen jaler bade kapundut garwo, milo naliko semanten ingkang saget minangkani pranjanjenipun dewi nawang wulan njih mboten sanes Belang yunyang ingkang perawakanipun wujutting sono. Nanging sendyan to wujuting sono awit sampun dados prajanjenipun dewi nawang wulan ugi tetep kapundut garwo, milo manut sejarah bilih belang yungyang ugi wonten petilasanipun.
Sang Prabu Brawijaya v ugi paring dawuh dateng Eyang Mbarep, sak mangke supados njagi lan netep wonten ing papan meniko saksampunipun purno anggenipun nindaaken samukawis pakaryan. Lajeng nerasaken lampah mangaler ngilen prabu browijoyo soho penderek sami ngrosaken sayah soho luset pengagemipun milo lerem ing sak wijining papan sami reresik wonten ing SENDANG MADIRDO ( mapan ing alas gebang pun sumerepi wargo luweng bendo) Sak sampunipun sami siram ing sendang madirdo Prabu Brawijaya soho poro penderek ngraosaken seger lan resik lajeng nerasaken lampah mangaler ngilen milo ing mriku kaparingan tetenger tlatah ngresik. Kalajengaken nerasaken lampah mangaler krono sampun ngraosaken seger milo sami nglalar penggalih ing satunggaling papan milo ing mriku sinebat alas plalar.Sak sampunipun sami sakwetawis anggenipun ngenggar enggar penggalih lajeng nerasaken lampah mangaler, wonten ing sakwijining papan sami lerem sang prabu Brawijaya v paring pangandiko dateng Eyang Drepokusumo sak mangke supados netep wonten ing salah sawijining papan ingkang dereng wonten kawulanipun, milo ing mriku winastan tlatah Sintok ( isine sithok/ siji ) nggih nembe Eyang Drepo kusumo.
Prabu Brawijaya nerasaken lampah mangetan manggihaken satunggaling guwo kados ingkang dados pitedahing poro leluhur kedah manggihaken Guo ingkang ngadep mangilen ingkang winastan guwo mangleng. Sakwancining wekdal papan meniko kapanggihaken saenggo kapigunaaken kagen manuwun dateng poro leluhur milo kasebat tlatah Mujing ( kedadosan saking Muji = nyuwun Ing= marang leluhur ) ingkang guwo kasebut tembus sunaring sang bagas woro guo meniko wonten sesambetan kaliyan sumur jolotundo lan gunug mahendra, milo krono meniko wonten sunaring sang bagas woro prabu Brawijaya paring tetenger pinongko sumber sumbering samukawis, milo kasebat tlatah sumber.
Nerasaken lampah mangetan dumbugi ing pasabinan ingkang ing mriku kathah tetaneman ri bebondotan , milo ing papan meniku kasebat tlatah risonggo.
Lajeng nerasaken lampah mangidul naliko semanten garwo selir dalem prabu Brawijaya ingkang asmo Kanjeng ratu Drowati ngraosaken kirang segering badan milo garwo dalem ngersaaken lerem ing satunggaling papan srono matur yen kadosipun mboten saget nderekaken sang Prabu Brawijaya v anggenipun bade tumuju ing gunung mahendra awit raos badanipun sansoyo awrat, milo mriku winastan tlatah Koripan ingkang (tegesipun kori meniko lawang pan meniko panutup) mungkasi anggenipun bade sesarengan nersaken lampah kaliyan garwo selir ingkang asmo dwrowati. Papan kasebat sak meniko dipun sbat tlatah planjan , Saenggo naliko semanten sami lerem ing satunggaling papan, nanging sak prabu ngraosaken bingung awit kedah nerasaken lampah doyo doyo dumbugi ing gunung mahendra nanging ugi menggalihaken dateng keng garwo engkang nandang sakit meniko , milo ing mriku winastan Gunung bingung, ing swasono mekaten sang prabu kagungan kawicaksanan sawetawis penderek njagi keng garwo Kanjeng ratu Drowati sakwetawis sami nderek nerasaken lampah ,milo ing mriku sinebat tlatah watubelah.( awit penderekipun kabelah dados kalih )
Sakwetawis dangu anggenipun gerah dyah dwrowati ngantos sedo wonten ing tlatah watu belah kasebat , awit sedanipun Dyah Ayu Drowati kapireng dateng sedoyo poro abdi dalem ingkang mapan ing mapinten pinten panggenan milo ngantos sami keplajar nglangkungi tlatah koripan milo ing tlatah koripan sinebat tlatah PLANJAN ingkang tegesipun Pusat margi nungsung sedanipun dyah ayu Drowati, lan manut sejarah bilih Dyah ayu dwrowati kajiman mapan ing tlatah pantai baron, ingkang dipun sebat gadung mlati milo mboten nomo mokal yen to poro putri saking tlatah kemdang mengetan meniko ketingal ayu ayu awit wonten sambung raketipun kaliyan sejarah bilih meniko wonten sunaring cahyo aura saking garwo dalem prabu browijoyo v njih dyah ayu drowati ingkang sedho ing tlatah watu belah.Sak lebeting prabu Brawijaya nglajengaken lampah mangetan harso tumuju ing gunung mahendra ( Gunung lawu ) kathah petilasan dalem ing sadengah papan ingkang pinongko tetenger nalikanipun prabu Brawijaya v lumiyat pinongko papan palereman soho papan papan sanes ingkang nate kapigunaaken kagem spiritual nenepi nyuwun pitedah dateng poro leluhur
WIWITAN WONTENIPUN PAMRENTAHAN
ING KUKUBAN DESA PLANJAN
Sinareng lumampahing wekdal soho tumambahing poro kawulo ing kukuban tlatah planjan milo kawiwitan wontenipun pamrentahan ing kukuban tlatah planjan. Kawiwitan warso 1922 wonten satunggaling tokoh ing kukuban tlatah planjan ingkang asmo pun BP PARTO SENTONO pinitados supados ngesuhi poro kawulo pinongko lurah sepisanan ing tlatah planjan.
Bp Partosntono ingkang mapan ing trukan Talokan Planjan nggadahi pewatak pemimpin ingkang tegas lan wibowo, naliko semanten pun biantu dening tokoh tokoh sanes ing antawisipun,
1 Bp Timbul pinongko Carik ingkang mapan ing Krambil Wuluh
2 Bp Mangun pinongko Kamituo ingkang mapan ing Planjan
3 Bp Karto semito pinongko jogo mirudo ingkang mapan ing blimbing
4 Bp Sipin pinongko Kaum ingkang mapan ing Gesing Planjan
Ugi kabiantu dening tokoh tokoh ingkang pun tugasaken ing wilayah ing antawisipun,
- Bp Kromorejo ing wilayah karang
- Bp Rono ing wilayah Sengerang
- Bp Partodikromo ing wilayah Sumber
- Bp Sokarjo ing wilayah Planjan
- Bp Pawiro rejo ing wilayah Pucung
- Bp Martodikromo ing wilayah legundi
- Bp Tonggeng ing wilayah Pakel
- Bp Pendek ing wilayah sintok
- Bp Karsorejo Ing wilayah Tritis
Pamrentahan ingkang pun pimpin Bp lurah Partosentono panci sakwetawis dangu awit poro wargo nganggep yen lurah Parto sentono nggadahi jiwo kepemimpinan ingkang wibowo lan adil poromarto, nanging ugi nggadahi pewatakan THUK MIS Utawi Raben milo simahipun ngantos 4 ngih puniko ing Planjan, Sumber, sintok, lan pungkasan ing Krambil wuluh.
Saking 4 simah kolo wau ingkang peputro namung kaliyan ingkang krambil wuluh, saenggo inkang pun enget dugi sak meniko bilih lurah sepisanan nmeniko saking tlatah krambil wuluh.
Lurah Partosentono purno tahun 1937 utawi ngasto selami 15 tahun lajeng kagantos lurang kaping kalih njih meniko BP TIMBUL Ingkang sakderengipun pinongko Carik, lajeng ingkang mbiantu lurah Timbul taksih sami nalikanipun dipun asto lurah Bp Partosentono amung jawatan carik dipun asto dening Bp Sadiyun Saking wilayah Tritis.
Lurah Timbul namung dumbugi tahun 1942 lajeng kagantos lurah kaping tigo ngih meniko BP PAWIRO REJO saking pucung ingkang suwaunipun ingkang ngayai jogo boyo ing wilayah pucung. Pambiantu sak ngandapipun taksih sami , amung ingkang nggantos pinongko jogo boyo ing pucung BP SASTRODIHARJO.
Warso 1949 lurah Pawirorejo lereh lajeng kagantos lurah kaping 4 BP MANGUNKARTO Ingkang mapan ing Planjan .wonten ing madyaning kepemimpinan Bp Mangunkarto wonten ewah ewahaning nami jawatan soho tinambahing jawatan enggal, Naliko semanten kawiwitan wontenipun jawatan Sosial ingkang dipun asto Bp Partodikromo ingkang swaunipun kepala wilayah Sumber, lajeng wilayah sumber dipun pasrahaken dateng Bp Wonodikromo.
Lajeng Jawatan Kemamuran pun asto Bp Ponco sentono, jawatan Keamanan dining bp Sastrodiharjo ingkang swaunipun kepala wilayah ing pucung lajeng wilayah pucung kapasrahaek dateng Bp Marto sentono,Jawatan Kaum kagantos Bp Maridin Sumber Lajeng Carik kagantos Bp Marto sentono Pucung.Lurah Mangun karto ugi nyengkaraken wilayah enggal ing antawisipun
- Alang2 sari pun pasrahaken Bp Patmoswito
- Wuluh Kapasrahaken dateng Bp Ponco sentono
- Blimbing Kapasrahaken dateng Bp Bence
- Jambu Kapasraaken dateng Bp Noto paimin
- Klepu Kapasraken dateng Bp iro
- Sintok kagantos Ngepoh kapasrahaken dateng Bp HS Sumarmo
Bp Lurah Mangun karto ngasto pamrentahan planjan dumbugi tahun 1956 lajeng kagantos lurah kaping 5 ngih meniko BP PARTOREJO ( Dongkol ) Pambiantu sak ngandapipun tetep sami.
Awit Lurah Bp Partorejo meniko nggadahi pewatakan ingkang mboten sae milo mboten pun remeni dening wargo. Sak madyaning ngasto pamrintahan piambakipu adigang adigung adiguno, deksuro milo anggenipun ngasto pamrentahan dereng ngantos purno kenging perkoro. Namung kirang langkung 17 wulan anggenipun ngasto lurah ing Planjan.
Lajeng th 1958 gagantos dining Lurah kaping 6 nggih meniko BP PADISENTRA saking tlatah pucung ngatos dumbugi th 1963. Pambiantu sak ngandapipu tetep sami, namung jawatan kaum semanten pun gantos BP Kromo ijoyo Planjan, Lurah Bp Padisentra piantunipun ugi wibowo soho saget momong poro wargo ing tlatah planjan.Purnanipun Bp Padisentra rikolo th 1963 kalajengaken lurah kaping 7 nggih puniko BP WARSOSENTONO ingkang mapan ing wilayah karang, pambiantu taksih sami namung jawatan kaum ugi wonten ewah ewahan kaasto dening Bp Paidi Saking Sengerang, Kemakmuran Bp Sumarmo ngepoh wondene kepala wilayah ing ing ngepoh kagantos Bp Puwowiyono.
Ing naliko semanten kantor kalurahan wiwit lurah 1 dugi madyaning lurah 7 meniko mapan wonten ing dalem lurah ingkang ngasto, kawiwitan saking naliko bp Warsosentono ngasto lurah, penjenenanipun nggadahi pemanggih ndamel kantor kalurahan wonten ing wilayah planjan.Saenggo wiwit semanten kanthi pambiantunipun poro pangandap soho swadyaning poro wargo saget mawujud bale kalurahan planjan meniko kadamel.
Bp Lurah Warsosentono meniko piayantunipun sabar, narimo, mboten purun neko neko saget winastan “sepi ing pamrih rame ing gawe” milo mobten nengenaken pados pangalem nopo malih ngarah kasugihan ingkang dipun tindaaken hamung lakuning ngelmu rayap, sekedik mboko sekedik bade katingal kasunyatan ingkang cetho menopo ingkang sampun dipun tindaaken.Milo ing naliko ngasto pimpinaning kalurahan planjan asring kirang dados kersanipun kluargo linangkung utami simahipun ngantos asring padudon perkawis kacekapaning gesang lahir lan batos, ngantos semanten kelampah penjenenganipun bp Warsosentono meniko mboten wantun kundur ngantos nyipeng wonten ing peranganing kantor kalurahan.
Awit kapanjingan wewatak ingkang sabar, narimo lan engkang pun galih namung kados pundi anggenipun saget momomg poro warganipun milo wargo ing naliko semanten rumaos nggadahi tiang sepuh ingkang sejati, katitik anggenipun ngasto pimpinaning kalurahan planjan ngantos 33 tahun.
Awit dangunipun Bp Warsosentono ngasto pimpinaning Desa planjan milo ing mriku kathah owah owahaning poro pambiantu, ngantos lahiripun poro jawatan jawatan mudo ingkang pinongko pambiantuning Bp Warsosentono ing antawisipun Bp Jumbidi nggantos Bp Paidi pinongko Jawatan kaum, Bp Karno nggantos Bp Partodikromo pjnongko jawatan Sosial, Bp Pardi nggantos Bp Marto sentono pinongko Carik lan mboten dangu kagantos bp Suyadi pinongko carik.Ugi ing naliko semanten netepaken jawatan enggal njih meniko kabag umum ingkang dipun pitadosaken dateng Bp Rubiyo, soho kathah pambiantu sanes ingkang dipun sebat staf .
Selami ngasto pimpinaning Desa Planjan mboten manggihaken perkawis ingkang mirunggan anggenipun mranoto reh prentahing Desa Planjan wiwitan ngantos dumbugi lereh mboten manggihaken perkawis. Tahun 1996 Bp Warsosentono lereh lajeng kagantos lurah ingkang kaping 8 njih meniko Bp Hs SUMARMO engkang swaunipun ngasto jawatan Kemakmuran, ing sak lebeting Bp Hs Sumarmo ngasto pamrentahan ing desa Planjan ugi wonten Ewah ewahaning pambiantu ing antawisipun Bp Suwarman nggantos Bp Sastrodiharjo pinongko jawatan Keamanan, Bp Waluyo Nggantos Bp Hs Sumarmo wonten ing jawatan Kemakmuran.
Ing tahun 2002 ugi wonten penggantian jawatan Bp Subariman nggantos Bp suyadi pinongko carik, lan ugi netepaken Bp Sunarjo pinongko jawatan sekertaris BPD.
Wekdal kepemimpinan Bp Hs Sumarmo pemerintahan desa planjan sampun radi majeng lan ugi ing wilayah wilayah padukuhan ugi sampun kathah ingkang kepala wilayahipun enggal saenggo sampun nerapaken toto atministrasi engkang enggal.Rikolo semanten Bp Hs Sumarmo nggadahi gagasan, supados nggampilaken informasi langsung dateng wargo masyarakat milo saben wilayah padukuhan kagadang nggadahi balai padukuhan ingkang supados saget kaginaaken dateng wargo masyarakat nampi pawartosing pemerintah soho papan pirembagan tumrap kemajenganing wilayah padukuhan.Saenggo Balai padukuhan meniko wonten nalikanipun Bp Hs Sumarmo Ngasto Pamrentahaning Desa Planjan. Selami ngasto pamimpining pamrentahan Desa Planjan Bp HS Sumarmo nggadahi kawicaksanan ingkang tundonipun kagem katentremaning wargo, kados dene kawicaksanan pentingipun papan papan pawiatan lare lare sekolah ing antawisipun Papan kagem SD Pucung, SD Planjan I,SD Planjan II lan SD Bopkri Sumber.
Papan papan kasebat ing pangangkah saget dipun suwunaken pratondo kekancingan saking gubernur kanthi dipun lintu pasiten siti kas Desa , sedoyo sedyanipun Bp Hs Sumarmo saget lumampah kanti kekancingan tukar guling pasiten saget kacepeng .
Nanging wonten proses sak sampunipun kekancingan meniko kecepeng awit anggenipun ngukuhaken siti kas Desa pinongko gantosing siti ingkang pinongko papan sekolah kolowau mboten adedasar kekancingan gubernur, saenggo nilaraken perkawis engkang ngantos sak mangke dereng saget rampit.
Ugi wonten perkawis naliko kepemimpinan Bp Hs Sumarmo awit Lerehipun Bp Suyadi pinongko carik ugi dereng ngantos wekdal purna nanging srono kagrudug wargo ingkang semanten mboten marem anggenipun nampi hasil pengisian dukuh ingkang kapenggalih dening wargo wonten kirang keterbukaanipun dining Bp Suyadi, saenggo Bp Suyadi kedah lereh saking jawatan carik Desa.
Bp Hs Sumarmo Ngasto pamimpining Desa Planjan ngantos dumbugi Tahun 2004 lajeng kagantos lurah kapiing 9 njih meniko Ibu SRI SUMARTINI . Desa Planjan kapimpin dining lurah estri wiwit th 2004 dumbugi 2014 selami 10 tahun. Pambiantu ing ngandapipun taksih sami kados moso Bp HS Sumarmo ing tahun 2005 wonten owah owahaning dukuh ngepoh saking Bp Purwowiyono pun gantos Bp Mujiana.
Lajeng th 2006 ugi wonten owah owahan jawatan Bp Sukardiyana nggantos Bp Rubiyo pinongko jawatan kabag Umum , lan netepaken staf staf enggal engkang swaunipun dipun cepeng poro poro engkang sampun purno, sinarengan pengisian jawatan kabag umum ugi netepaken Bp Suroto, Bp Mujikan, Ibu Suyanti pinongko Staf Desa Planjan.
Th 2009/2010 kawiwitan pemeriksaan sesambetan kaliyan proses kekancinganing gubernur menggah pasiten tukar guling saenggo ngantos dumadosing proses peradilan, naliko semanten Bp Karno pinongko Sosial lan Bp swarman pinongko Keamanan kedah lerh saking jawatanipun amargi proses kekancingan gubernur engkang kaanggep dipun slewengaken.
Sinarengan th 2010 meniko ugi wonten proses pengisian jawatan ing antawisipun BP Sutopo nggantos bp Sunarjo pinongko Kaur perencanaan awit Bp Sunarjo Pun angkat dados PNS, lan ugi pemilihan dukuh planjan lan legundi, Dukuh Planjan katetepaken dateng Bp Supandi wondene Dukuh Legundi katetepaken dateng Bp Supriyatno.
Wonten ing th 2012 ugi wonten pengisian kekosongan jawatan ing antawisipun Bp Suroto nggantos Bp Swarman pinongko Kabag vPemerintahan lajeng Bp Prabawa nggantos Bp Karno pinongko jawatan Kaur keuangan.
Ing pethitipun Tahun 2013 moso kapamimpinanipun ibu Sri sumartini nampi perkawis malih awi salah setunggaling jawatan kemakmuran kinging perkawis hukum, ingkang semanten Bp waluyo mbiantu imigran gelap saenggo kedah lereh saking jawatanipun pinongko kabag pembangunan desa Planjan.
Milo saget winastan wekdal kapamimpinanipun ibu sri sumartini meniko 60 persenipun namung kagubel perkawis. Saenggo ibu Sri sumartini ngantos kesehatanipun radi kaganggu.
Purnaning lurah Ibu Sri Sumartini rikolo th 2014 nanging krono ontenipun program pemerintah pilkades serentak milo nembe saget kalampah kagantos ing tahun 2015 selami kekosongan setunggal tahun meniko dipun sampiraken dateng Bp Subariman pinongko sekdes planjan.
Tahun 2015 Kagantos kepala Desa kaping 10 njih meniko BP MURYONO ASIH SULISTIYO, kaleres taksih trah Bp lurah HS Sumarmo lan ugi rayi saking Lurah Sri Sumartini. Murwakani khariripun ing th 2016 Bp Muryno asih sulistiyo njankepi jawatan ingkang lowong ing antawisipun Dukuh, Sumber,Wuluh,Blimbing,Jambu, lan tritis ugi staf .
Dukuh Sumber Katetepaken dateng Bp Muji Iswanto
Dukuh Wuluh Katetepaken dateng Bp Suharyanto
Dukuh Blimbing katetepaken dateng Bp Poniran
Dukuh Jambu katetepaken dateng Bp Dimas winanjar
Dukuh Tritis katetepaken dateng Bp Subandi
Wondene staf perangkat Desa engkang pun tetepaken Bp Jumari, Bp Riyanto lan Ibu Intan diastuti.
Ing Tahun 2017 ugi Bp Muryono asihsulistyo ngraosaken awit pakaryaning atministrasi pemerintahan desa ketah cepet, leres, lan cumbuh kaliyan paugeraning regulasi milo kagem jawatan ingkang taksih lowong ugi dipun jangkepi ing antawisipun Sekdes lan Kasi kesejahteraan,Awit wiwit Th 2016 Sekdes Bp Subariman kasengkaaken pinongko PNS lajeng dipun mutasi ing kantor kecamatan , saenggo Bp Muryono ing tahun 2017 netepaken Bp Budi setianto nggantos Bp Subariman pinongko Sekdes lan Bp Candra setiawan nggantos Bp waluyo Pinongko kasi Kesejahteraan.
Sakwetawis meniko sejarah ringkes saking purwaning dumadi sakderengipun wonten wewengkon planjan ngantos madyaning tetepan tetenger soho dumbugi wontenipun pemerintahan difinitif dumbugi wekdal meniko, mestinipun anggen kulo nyerat sejarah meniko taksih kathah ketadosan ingkang dereng saget karangkum mugu poro pamaos kerso njangkeppi.
Dene mbok bilih pinanggih sejarah ingkang kirang trep kaliyan swasono kasunyatan kulo nyuwun agunging samudropangatsami.
Ing pangajab kanti sejarah meniko kulo panjenengan saget kagigah ing sak lebeting penggalih mbudi doyo ngrmati, nglestantunaken, ningkataken, soho njagi murih Desa kulo panjenengan sami tetep sansoyo ngremboko.
Planjan …………………………………..2018
Pencarian
Statistik Kunjungan
Hari ini | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Kemarin | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Pengunjung | ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
- LAPORAN PERTANGGUNGJAWABAN REALISASI APBKAL TAHUN ANGGARAN 2023
- ANGGARAN PENDAPATAN DAN BELANJA KALURAHAN PLANJAN TAHUN ANGGARAN 2024
- PELAKSANAAN MUSKAL RKPkalurahan PENUH ANTUSIAS
- RUMAH SEHAT BAZNAS D.I YOGYAKARTA PERINGATI HARI ANAK NASIONAL DI PLANJAN
- KALURAHAN PLANJAN SELESAIKAN PROGRAM BEDAH RUMAH DANA KEISTIMEWAAN
- TALUD TATA NILAI KEISTIMEWAAAN SELESAI DIBANGUN
- PEMBANGUNAN JUT PADUKUHAN KARANG TEMBUS PADUKUHAN NGALANG-ALANGSARI